LOMBA BUDAYA JAWA SD

Lomba Budaya Jawa ing Warsa 2019

Dhasar lelandhesanipun kagiyatan menika Permendiknas Nomer 39 warsa 2008, Perdais DIY nomer 3 warsa 2017, Keputusan pangarsa BPKAD nomer 20/DPA-SKPD/I/2019.

Tujuan wontenipun kagiyatan inggih menika nyukani wadhah kangge ngrembakakaken kreativitas saha novatif siswa, nanem saha nggulawenthah apresiasi seni siswa saha sastra mligipun “nilai tradisi” ingkang ngoyotipun ing budaya bangsa, lan nuwuhaken saha ngrembakakaken patrap sportivitas saha kompetiti para siswa wiwit samenika.

Jinisipun patembayan ing kagiyatan “lomba budaya jawa” ing warsa 2019 wonten gansal jenis, inggih menika : macapat, sesorah, nyerat aksara jawi, dolanan anak, lan gladhi kawruh.

(admin angga)